Sejarah Pesantren Takeran Seri 2

Written By Pralistyaputra on Rabu, 15 Februari 2017 | 03.30.00

Sejarah Pesantren Takeran Seri 2 - Beberapa waktu lalu admin sudah membeberkan mengenai sejarah pesantren Takeran Seri 1. Kali ini akan kami share serial buku sejarah pesantren takeran mahakarya dari Al-Magfurlah Romo Kyai Imam Fauzi Bin Kyai Imam Abu Syukur Salim.
Masih sama seperti seri sebelumnya sejarah pesantren takeran seri 2 ini ditulis dalam bahasa jawa. Berikut kisah lengkapnya.
SEJARAH PESANTREN TAKERAN SERI 2
disusun oleh : Al-Magfurlah Kyai Imam Fauzi Bin Kyai Imam Abu Syukur Salim

WALIYULLAH

Murih kita saget pikantuk pengertosan tumrap lenggah selehipun waliyullah kala wau, mangga langkung rumiyin maspadaaken dawuhipun Allah:
الا انّ اولياءالله لا خوف عليهم ؤ لاهم يخرنون الذين امنو اوكانو يتقون لهم البشرىف الحيوةالّد نيا وفى الاخرةلاتبديل لكلمات الله وذلك هوالفوزالعظيم
“Mbok ya pada dingerti ta! Yen ta satemene wali-walining Allah iku wis ora kedunungan kwatir lan susah, anane mung iman lan taqwa, mula sajeroning uripe ing alam donya lan akherat diparingi busyra.” 

Kalimahe Allah kang mangkono iku ora bakal owah. Ya mangkono cetha kebegjan kang gedhe. Ayat Qur’an punika, cahyanipun sampun nglambangaken mripat, kesadaran, inggih jalaran saking dayanipun sinar Qur’an ingkang padhang punika, mula pun sifat-sifatipun manungsa utami salintunipun Nabi lan Rasul, saget ketingal melok kanti ngejawantah, inggih punika manungsa ingkang dipun sebat waliyullah. Miturut sinar Qur’an wau, bilih tiyang ingkang sampun dumunung ing dalem maqom waliyullah punika, wonten ciri khasipun inggih punika:
  1. Penggalihipun jenjen yakin, boten wonten raos kuatir lan susah, kejawi naming kedunungan raos kuriyah tamah (satemene wali-waline Allah iku wis ora kedunungan kwatir lan susah). 
  2. Penggalihipun naming iman lan taqwa (anane mung iman lan taqwa). 
  3. Sugengipun anggenipun ngemban Al Qur’an lan sunah wiwit donya ngantos dumugi sekarat (akherat) alelandhesan busyra (mula sajerone uripe ing alam donya akherat diparingi busyra). 
  4. Ciri khas ingkang mekaten punika boten badhe ewh tegesipun sauger waliyullah temtu inggih punika ciri khasipun (kalimahe Allah kang mengkoko iku ora bakal owah). 
 
Sejarah Pesantren Takeran Seri 2


Punapa ta busyra punika? 
Miturut dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. Bilih ingkang dipun sebat busyra menika “Rukyasholihah
”قال ص م الرق ياالصّا لحة بشر ى من الله
(Kanjeng Nabi ngendika: “Pendelenge ati kang becik ing dalem mimpi iku ceta busyra saka Allah”). Punapa ta rukyasholihah punika?
Miturut hikmah sufiyah, bilih rukyasholihah punika pendelenganipun hati nurani dumateng af’al, sifat jamalipun Allah kanti terwaca gamblang. Rukyasholihah punika wonten 2 pepangkatan (miturut hikmah sufiyah), inggih punika:
I. Rukyasyariah 
Rukyasyariah inggih punika : pendelengipun ati nurani dumateng sifat jamalipun Allah sarana sae. Langkung-langkung menawi anggenipun rukya kala wau sasampunipun mujahadah sholat istiharoh lan sanes-saneipun, punika dipun sebat perlambang.
Salajengipun rukyasyariah punika dipun sebat RUKYASHOLIHAH BILMANAN. Rukyasholihah bilmanan punika kalebet Irhasunubua (pondasi kenabian). Hadis Bukhori riwayat saking Siti Aisyah nerangaken bilih KAnjeng Nabi dek rikala badhe nampi wahyu kenabian, dipun rumiyini busyira rumiyin. Inggih punika rukyasholihah.
 ى عا يشه قالت اوّ ل ما بد ى به ص م الرؤ ياالصا لحة فى النو م فكن لا ير ى يا الاجاء مثل فلقالصبح نم جب اليه الخلاءفكن يخلو بغارحراءخيتعنث 
Tegesipun: Siti Aisyah nerangake menawa kawitan kang tumiba marang penggalihe Kanjeng Nabi iku pendelenge ati kang becik nalika sare (mimpi). Ing nalika Nabi ngimpi iku oara natesuasana kang dialami sajerone mimpi kejaba kaya padane suasana wektu subuh. Sawise iku Kanjeng Nabi banjur remen khalwah (nyepi) dumunung ing dalem Guwa Hirok kanti tahanats (ngibadah).

II. Rukyal haqiqah 
Rukyal haqiqah inggih punika pendelengipun mata ati nurani kanti sadar (tanpa sare). Rukyal haqiqah punika wonten 3 pepangkatipun inggih punika dipun sebat:
1.    Wahyu matlu, naming tumuju dumateng para nabi ingkang asifat rosulullah.
2.    Wahyu qudsi, tumuju dumateng para nabi.
3.    Wahyu minwaroil hijab
Ingkang mekaten wau alelandesan ayat Qur’an kasebat ing surat Asy Syuura ayat 51

و ماكان لبشرا ن يّكلّمه الله الاّ و حيااو من وّر ا ىحجا ب اوير سل رسو ل فيو حي باذنه مايشاءانّه عليّ                                                                                                  
Tegese:  Ora ana tumrape manungsa kang bias nampa pengendikan Allah kejaba wahyu utawasakamburine hijab utawa ngutus utusan (malaikat) wanidine ing samubarang kang dikersakake satemene Allah iku Maha Luhur lan Wicaksana.
Ayat Qur’an punika sampun jelas sanget maksudipun inggih punika paring warta, bilih sedaya titah ingkang sifat basariyah boten saget nampi pengendikanipun Allah secara basariyah, kejawi nglangkungi 3 tingkatan inggih punika:
1)    Yursilurasulan (ngutus malaikat) salajengipun pengendikanipun Allah ingkang mekaten sifatipun menika dipun sebat wahyu matlu.
2)    Wahyu, inggih punika Allah langsung nibakaken nur hidayah ing dalem manahipun manungsa. Pengendikanipun Allah ingkang sifat ngaten punika dipun sebat wahyu qudsi.
3)    Minwarsi hijab, inggih punika Allah maringi ibarat saking wingkingipun sifat kamanungsan (takbir = perlambang) inggih punika ingkang dipun sebat ilham (istilah sufiyah). Ilham / wahyu “minwarai hijab” punika wonten 2 tingkatan inggih punika dipun sebat: 1) Ilham rukyasari’ah tumuju dumateng para mukmin , 2) Ilham rukyal haqiqah tumuju dumateng para wali.
Rukyasholihah punika kalebet kenabian, kados dawuhipun Kanjeng Nabi saw:
قال ص م ر  فيالمؤ من جز أ من ستة و ا ر بعين حن أ من ا لنبوّ ة (رو ا لبخا ر ي و ا بر د ا و د عن عبا د ة بن ا لصا مت)                                                                                 
Kanjeng Nabi ngendika:  Pendeling mata ati nuranining mukmin (pada uga pinuju turu lan melek) iku, sebagian saka kenabian.
Sok ngatena bilih ingkang dipun sebat busyra kalawau, inggih punika pengendikanipun Pangeran dumateng kawulanipun ingkang tingkatipun wonten 3 kala wau. Waliyullah kalebet tiyang ingkang saget tampi busyra (rukyal haqiqah).
Waliyullah punika tiyang ingkang angemban Qur’an lan sunah Nabi, ingkang pikiranipun boten loko-loko mawi pikiran blaka, ananging sarana busyra. Pramila hidayatipun supados dpun conto kados dawuhipun Allah:
ا و لس


Tegese:  Deweke kabeh wong kang diparingi kitab suci, wong kang diparingi hikmah lan wong kang diparingi kenabian iku wong kang oleh hidayat saka Allah, mula hidayate iku elonana.
Waliyullah punika tiyang ingkang keparingan hikmah.
Ayat Qur’an punika maksudipun gamblangaken kesadaran kita sami, bilih sok sintena tiyangipun ingkang ngingkari, nggorohaken apadene nylewengaken dumateng hidayat lan ajaripun para walining Allah punika, kalebet tiyang ingkang ngingkari lan nggorohaken hidayat Qur’an.
قا ل ص م سيكون ف امّتىا ختلا ف و فرقة بسحو ن اتيل وي ن يقرون اتوان لايجاوزتراقهميم عون الم يف مروق اكسه من الرومي ةية لا برجعؤن حتى يرتدّو اكلى فوقه هم نرّالخلق و الحتة                                                                                                             
Kanjeng Nabi ngendika: Umatku iku besuk bakal tinemu seje-seje penemu lan gegolongan, kang dadi obyeke mung mbecik-mbecikake lan ngelek-ngekekpendapat lan penemu (qilqol). Dheweke yo maca Qur’an ananging Qu’an ora bias ngunggahake derajate, nanging malah metu saka garis-garis agamane kaya lepase jemparing saka gendewane, ora bias bali marang pepadang Qu’an malah pada murtad (pedhot sinare Qur’an).
Kanti jelas sarana wahyu Qudsi, Nabi Muhammad saw. Sampun nggarisaken pungsinipun waliyullah mekaten:
قال ص م ا ن اللة تعل  فى قا ل من عاد ي و ليا فقداذ بته با لر ب و ما تقرب الى عبد ى بسّي ا حبّ الي ماافتر صته عليه و لا يرال عبد ى تقر ب الي با لنو ا صل                                 

Tegesipun:
Kanjeng Nabi ngendika: satemene Allah wis ngendika (marang aku mangkene). Sapa wonge mungsuhi waliku, mula temen aku nglilani perang marang deweke. Lan ora wis-wis nyedak marang ingsun kawulaku klawan apa wae kang luwih ingsun senengi saka barang kang wis dak ferdokake (tak wajibake) atas deweke. Lan ora wis-wis kawulaku anggone nyedhak marang ingsun kulawan nawafil (lelakon kang saliyane wajib) nganti aku cinta marang ddeweke, menawa ingsun wis cinta marang deweke mula ingsung dadi pendelenge, nalikane deweke padaake kahanan lan aku dadi tangane deweke ing nalikane nggepok aku dadi sikile deweke ing nalikane jumangkah. Lan demi yekti menawa deweke nduweni penyuwun marang ingsun, pasti ingsun paringi lan saumpama deweke nyuwun dijaga, pasti ingsun jaga.
Wahyu Qudsi punika sampun jelas banget maksudipun inggih punika nerangaken:
a.    Bilih yiyang ingkang ngremehaken ajaran lan tuntunanipun waliyullah punika, ceta dados mengsahipun Allah piyambak.
b.    Lelampahan ingkang saget celak kalian Allah punika, tumemen dateng sedaya kuwajiban-kuwajiban ingkang sampun katetepaken (kuwajiban habluminallah lan kuwajiban minanas).
c.    Menawi kuwajiban-kuwajiban dumateng Allah punika, sampun beres dipun tingkataken nindakaken nawafil (mujahadah lan riyadhoh)  kanti raos ikhlas, tawakal lan sabar. Hingga manahipun saget kedunungan cinta dumateng Allah ing wanci lan wekdal punapa kemawon. Pun tiyang ingkang sampun kados mekatos punika sifatipun, mila nuripun saget gesang mencorong, hingga solah bawanipun dipun tuntun dening Gusti Allah. Jalaran rajin dumateng kuwajiban sarta tetambah nawafil punika kalebet “uluwul hirmah” 9cita-cita luhur). Ing mangka miturut sunah Nabi Muhammad saw. Bilih uluwul himnah punika kalebet iman.
Menawi uluwul himnah punika sampun dados watak klakuan, senaosa nembe sedasa prosen, mila ruhaninipun tiyang wau bade dumunung ing dalem maqom taqwa yingkat pertama. Ing dalem hikmah sufiyah, bilih maqom taqwa tingkat pertama punika dipun sebat maqom firoq.
Maqom tegesipun pangkar, firoq tegesipun pisah. Inkang maksudipun bilih ruhani ingkang sampun dumunung ing dalem maqom firoq wau saget kalis saking pepetengipun aqidqh musrik lan bid’ah (sampun saget kalis saking kukusipun setan lan hawa nafsu) ateges sampun saget misahaken / mbedakaken antawisipun haq lan batal. Ingkang mekaten menika ceta ajaran lan tuntunaipun Al Qur’an.

يا يّها الذ ين امنوا ان تتقواالله يجعل لكم  قر قا نا وّ يكفّر عنكم سيّا تكم و يغفر لكم و الله ذوالفضل العظيم  ( الا نفا ل29 )                                                                           
Tegesipun:  He wong-wong iman menawa sira kabeh taqwa marang Allah mula Allah bakal ndadekake garis-garis pemisah marang sira kabeh lan nutupi kaelekanira lan paring pangapura. Dene Allah iku kagungan kluwihan kang gedhe.
Ayat Al qur’an punika maksudipun nggarisaken bilih tiyang ingkang taqwa mula bade kedunungan 3 watak (ciri khas):
1.    Watak yaj’al lakum furqona
Tegesipun saget permana lan ngertos dumateng haq lan batal, ngertos leres lan lepat, ngertos lurus lan bengkong. Sok ngateno tiyang taqwamenika bade saget mapakaken dirinipun ing tengahing jagad ingkang kebak kepalsuan hingga piyambakipun saget kalis saking kepalsuan.
2.    Watak yukarir’ankum sayyi’atikum
Tegesipun sedoyo kejahatan ingkang nusuh wonten lebetipun manah lan pikiran ingkang tuwuh saking adrenging hawa nafsu angkara murka bade lebur ical, hingga manah lan pikiranipun tiyang taqwa wau bade kedunungan manah lurus jejeg dados sumberipun akhlakul karimah (budi pekerti luhur utama).
3.    Watak yaghfirlakum
Tegesipun, piyambakipun kedunungan watak (solah bawa muna muni) ingkang dipun ridani Allah (tansah pikantuk pangapuraning Allah).
Miturut ajaran hikmah sufiyah, bilih ruhani ingkang sampun wonten ing dalem maqom firoq menika dipun sebat roh ruhani. Ewadene menika dereng mlebet maqom firoq, sifatipun ruhani ical kabungkem dening sifatipun roh jasmani (kabungkus hawaning nafsu lan hawanipun setan). Inggih roh ruhani menika ingkang saget celak kaliyan Pengeran pikantuk ilham rukyasyari’ah. Pun tiyangipun dipun sebat mukmin sholeh. Menawi roh ruhani wau dipun tingkataken kwalitetipun sarana mujahadah hingga saget mbedah hijab rohman mila pun roh wau dipun sebat “roh rohmani”.
Hijab tegesipun aling-alinh, rohmani tegesipun murah (kemurahipun Allah). Ingkang dipun maksudaken roh rohmani wau inggih roh ruhani ingkang sampun boten kaling-kalingan sifat kemurahanipun pengeran, hingga saget dados watak. Tandanipun kedunungan wtak ngrahmati dumateng jasadipun piyambak lan dating sanesipun.
Maksudipun ngrahmati jasad, inggih punika sadar bilih jasad punika titipanipun Allah minangka alat tumpakanipunkangge netepi tugas gesang wonten alam donya.
Ewadene anggenipun ngrahmati jasad inggih punika:
1)    Jasad dipun tebihaken saking sedaya kemaksiatan lan kemungkaran.
2)    Ibarat mesin menawi nggemuki sampun sapikajengipun piyambak, kedah mawi gemuk rese saking Allah, ingkang merekipun halal.
3)    Sampun ngantos ngginakaken gemuk wedalan pabrik setaningkang merekipun haram lan riba, jalaran menika namung ndadosaken macatipun onderdil sehingga lampahipun jasad kangge nuju kasucian seret lan mandek.
Hikmah sufiyah sampun nedahaken pengalamanipun dumateng para tiyang mukmin angangkah mukminipun supados tetep inggih punika sarana waspada dumateng caranipun nggemuki jasad. Mekaten keteranganipun.
Sejatine sandang pangan lan bale werti haram riba ikuwahanane mung metengi ati sarta nambahi atose hingga nggaotane kedunungan watak bot-boten lan semaya nuju marang kabecikan. Ikhlas yen nuju saliyane kebecikan, ikhlas, sregep, lan ora ngenal wektu, anane mung nambahi kemurkan lan ngangsa ora ana pedot-pedote. Pungkasane malah sok diparingi pepeling dening Pengeran (ketiban sapu dendaning Pengeran) awujud penyakit lahir lan batin kang warna-warna.
Maksudipun rohani ngrahmati dumateng sanes inggih punika solah bawa muma-muninipun boten natos damel dadakan dumateng seriking sanes, malah raos mahabah (katresnan) dumateng sesame dados watakipun. Senaosa wata wau dereng saget 100% ananging sampun kalebet ruhanidumunung ing dalem papan sejatosipun gesang ingkang dipun ridani Gusti Allah. Pramila ruhani anggayuh kesifatan ruhmani punika anglatih diri nanemaken raos kepentingan umum ingkang maslahah dumateng bebrayan kedah dipun rumiyinaken.
Mekaten pengertosan roh rohmani inggih punika ruhani ingkang sampun saget mbedah hijab rohman. Tegesipun sampun kalis saking setanipun setan laknat. Kados pengendikanipun Allah ing Qur’an:



Tegese:
Allah ngendika: “Sapa wonge uripe adoh anggone eling marang rohmane Allah, mula ingsun nalekake setan marang deweke. Setan dadi kanca lan satemene deweke kang digubel setan dadi alangan anggone nuju marang dalan bener ewdene deweke kabeh ngrumangsani oleh hidayah.” 
Inggih roh rohmani punika ingkang saget pikantuk ilham rukyal haqiqah (rukyahsholihah bilyaqallah = ndeleng goib tanpa ngipi). Pangkatipun dipun sebat mukmin khas inggih punika tiyang mukmin ingkang sampun saget dumunung ing dalem maqom isbat (taqwa anil itsmi wal ‘utsmani).
Menawi roh rohmani dipun tingkataken kwalitasipun sarana mujahadah hingga saget mbedah hijab uluhiyah mila dipun sebat roh rohimi = roh robbani = rouhullah (roh kang wia gamblang marang maksude asma Allah).
Hijab tegesipun aling-aling, Uluhiyah tegesipun ketuhanan utawi keAllahan. Ingkang dipun maksudaken blih roh rohimi (rouhullah) punika inggih roh rohmani wau sifatipun sampun boten kaling-kalingan dumateng sejatosipun asma “Alla”. Ingkang ateges bilih roh rohimi punika raosipun naming jadzab mahabbah illallah ketarik raos cinta dumateng Allah kanti langgeng ingkang dipun sebat fana’ bi fana’ (istilah hikmah sufiyah) ingkang dipun maksudaken sirnane rasa rumangsa, dadi rasa siji nuju marang rasa keagungan lan kasampurnane dzat kang asmane Allah.
Inggih sebab sampunfana’ bil fana’ wau, mila tiyang mumun ingkang sampun dumugi maqom roh rohimi punika, raosipun ingkang hakiki (jatining rasa) naming kalimputan dening nurullah.                       Inggih punika cahya sejati, sejatining urip langgeng tan kena owh. Pramila punapa ingkang dipun mirengaken, raosing manah namung kalimputan sifat jamalipun Allah (Subhanallah= ucapan lesanipun). Punapa ingkang dipun grayang (dipun gepok) mila raosipun manah naming kalimputan raos af’alipun Allah (Lailaha illallah = ucapan lesanipun). Ing nalika tumindak lan njangkahaken ? solah bawanipun, naming kalimputan raos sifat kamalipun Allah (Alhamdulillah = ucapan lesanipun).
Menawi munajad sedaya raos ingkang tuwuh saking pancadriya, sampun sirna kantun wonten raos tunggal inggih raos ingkang kalimputan dening sejatosipun wujud “huwal hayul qoyum).
Tiyang ingkang sampun jumeneng roh rohimi (rouhallah) punika tiyang ingkang samun saget tampi busyra qudsi saking Allah inggih punika ingkang dipun sebat waliyullah.
PSM lanjutan saking pesantren sufiyah (KH. Ulama’) punika ceta inggil gaguhipun inggih punika i’laukalimatillah kanti pangemban ikhlas lan tawakal lan sabar. Tujuan wau kanti gambling dipun rumusaken dening Kyai Imam Mursid Muttaqin awujud koidah ingkang cacahipun 9.
Sok ngateno kewajibanipun turun-turun kader muasis lan muktamir (warga khusus PSM) kantun ngamalaken kemawon kanti ? kesadaran menawi ngantos nglirwakake, anggenipun ngantos ngresahi lan mengsahi, miturut hadits qudsi wau bade dados mwngsahipun Allah piyambak akibatipun nuwuhaken kondisi rohani (sifat-sifat)mental ingkang tebih saking rohmatipun Allah. Ingkang sawau sampun nggadahi sifat sae lajeng anjlok dumateng sifat awon. Ingkang sawau dados tiyang jujur lajeng anjlok dados penyelawang (goroh). Ingkang sawau mukmin hakiki lajeng anjlog dados fasek lan munafek. Ingkan dipun kwatosi yen ngantos pungkasanipun pejah, tanpa iman na’uzubillai min dzalik.
Punika wau kantun gumantung sifat mentalipun anggenipun mengsahi,ngresahi lan ngremehaken ajaripun waliyullah. Ing mangka Qur,an surat Luqman sampun tegas bilih kita mukmin dipun dawuhi ngenut marginipun tiyang ingkang sampun saget wangsul dumateng pengeran (Allah), mangke Allah piyambak bade maringi hidayat kados dene hidayat ingkang dipun paringaken dumateng tiyang ingkang sampun saget wangsul dumateng Allah.
Jelasipun ing nalika kita gamalaken tujuanipun Qur’an lan sunah rosul, sampun ngantos nilar praga (marginipun) para waliyullah.
واتبع بيل من انا ب الي مرجعكم فا ئنبئكم بما كنتم تعملو ن                                            

Tegesipun:  Lan manuta sira dalane wong kang wis bias bali marang ingsun tumuli marang ingsun nggon balinira lan ingsun bakal ngabarake marang sira klawan barang kang mbok tindakake (Allah bade maringi hidayat kados hidayatipun waliyullah).
Kanjeng Nabi sampun njelasaken mekaten:
قا ل ص م ايما رجل اكفررجلا مسلما فا ن كان كافرا واوالاّ كان هوالكفرو                        

Tegesipun:   Endi-endi wong Islam kang ngapirake wong Islam yen pancen ceta kafir ora dadi apa. Menawa ora dadi kedunungan kafir, mula kafir mau bakal bali marang awake dewe (tiyang ingkang ngremehaken waliyullah, ngremehaken ajaripun langkung-langkung mungel id,ah mila bid’ah lan remeh wau bade mbalik dumateng piyambakipun).





Tegesipun sahabat Ibnu Abbas menerangkan mekaten:
“Ing zamane Rosulullah ana sewijining wong serban slendange (rida) digondol angina, sakala wong wau banjur nglaknati maang angina. Kanjeng Nabi terus ngendika “Sira aja nglaknati angina iku jalaran angina iku mung saderma (mlaku) ana kang nglakokake. Satemene sapa wonge nglaknati marang apa wae, bakal bali marang deweke.
Jelasipun tujuan akhir PSM anggenipun jihad lan mujahadah punika, tujuanipun naming angangkah pecatipun nyawa sageta dados salah setunggal saking 3 sifat, inggih punika:
1)    Dados roh ruhani: ingkang dumunung ing dalem maqom fira’ (taqwa’anisirli wal bid’ati) = mukmin soleh.
2)    Dados roh rohmani: ingkang dumunung ing dalem maqom isbat (taqwa ‘anil itsmi wal ‘utsmani) = mukmin khas.
3)    Dados roh rohimi: ingkang dumunung ing dalem maqom tawajuh (taqwa tarqu masiwallah) = waliyullah muqorobun.
Sanesipun tiga punika sifatipun roh wau ewah, menawi boten dados sifat setan, nggih dados sifat kewan (kebuntel hawa nafsu). Ewadene ingkang kesifatan salah setunggalipun 3 punika, inggih punika roh ingkang sifatipun kebak raos mahabbah dumateng pangeran, ngertos ginanipun gesang wonten donya lan ngertos haq. Pramila dening hikmah sufiyah roh-roh wau, dipun rumusaken mawi kalimat “Roh sifatipun naming mapan dados simbul asmanipun Allah, asma haq”.
Pramila raos mahabbah ingkang mekaten punika, dipun dadosaken dasar pendidikan PSM. Dipun wiwiti / dipun latih mahabbah dumateng tuntunan lan pendidikanipun tiyang ingkang sampun saget wangsul dumateng Allah (waliyullah) ingkang dipun singkat keluarga suci (pendidikan suci).
Qoidah 3 majmu’ah risalah PSM mungel mekaten:
Guna memperdalam bekas dan pengaruh terbiyah serta mempercepat rasa dan tali kekeluargaan, harus dipentingkan dan diutamakan juga adanya tarbiyah caa pondok. Dimana kyai dengan santrinya atau guru dengan muridnya, siang dan malam dapat bergaul dengan dekatnya.
Tarbiyah cara pondok ini sudah dibuktikan oleh pengalaman bahwa ia itu adalah salah satu cara pendidikan yang mendalam yang berpengaruh dan berjiwa, sehingga ro’ (pendidikan) dan rukyahnya (yang dididik )merupakan suatu keluarga yang perasaan ruhaniyahnya diliputi oleh mahabbah (rasa kecintaan) yang besar yang menimbulkan rasa kekeluargaan yang suci.
Pengertosan ingkang hakiki saking kalimat “yang perasaan ruhaniyahnya diliputi oleh mahabbah (rasa kecintaan) yang besar” punika ruhani ingkang saget menghayati maqom firo’ (taqwa ‘anil sirqi wal bid’ati) = mukmin sholeh.
Inggih dumugi pangkat punika paling boten (minimal)tutuan pendidikan PSM ingkang dipun sebat tarbiyah cara pondok, di an kyai dengan santrinya. Syukur bade ngantos dumugi pangkat rohmani minggahipun malih dumugi roh ruhullah (maksimal). Boten-botenipun sampun saget ngwaosi maqom firo’ ateges sampun gul anggenipun slulup ing dalem segantenipun tarbiyah PSM jalaran roh ingkang sampun saget netepi tugas lan kewajiban gesang wonten alam jagat andunungi predikat muslim berilmu, beramal , bertaqwa, ingkang saget nuwuhaken kekeluargaan suci (hidup social mutaqin) kados dene ungelipun qoidah  no 3 wau ingkang miturut qoidah Pesantren Takeran inggih punika qoidah nyukuri nikmat.
So ngatena nglatih mekaten (raos mahabbah dumateng pendidikan waliyullah) punika ateges nyukuri nikmatipun Allah ingkang mahanani bade saget gambling anggenipun nyemak dumateng tuntunanipun Allah lan rosulipun (Al qu’an lan Sunah Nabi). Inggih aspirasinipun qoidah nomer 3 punika maksudipun ta’rif (definisi) aqidah ahlu sunah wal jama’ah pasal I ayat 3 (ngegungake apa kang wis diwulangake dening Allah lan rosule).
Kekeluargaan suci ingkang dipun tangsulimawi raos mahabbah punika kalebet syarat mutlak minagka srana anggayuh kesinungan luhuring bebuden. Pramila pengertosan punika dipun latih kanti niyat ngemban amanat Rosulullah miturut marginipun waliyullah. Iingkang mekaten punika ngestokaken dawuhipun Gusti Allah:
واصبر نفسك مع الّذين يدعون ربّهم با لغد وة والعشيّ ير يدن وجهه  ( ا لكهف 28 )        Tegesipun:  Lan nyabarna sira Muhammad ing pribadimu beberengan para wong-wong kang pada ngadep ing pangerane esuk lan sore, tujuane mung ngupadi ridhane Pengeran.
Ayat punika sampun cekap gambling maksudipun inggih punika bilih anggayuh kawilujengan donya akherat punika gumantung anggenipun saget permana namtokaken penirianipun dumunung ing margi lurus (karidanipun Allah) sarana penggalihipun dipun isi cita-cita gumolong dumateng golonganipun muhlishin (shuhbah ahluh arifin billah).

قا ل ص م لا تجلسو ا غد كلّ عالم الاّالر عالم يد عوكم من خمس الرخمس من الثكّ الر اليقين و من الرياء الر الى الاحلاص ومن الرغبةالر الزهد و من الكبرالرالّوافع ومن العواوةالرالنصحيه                                                                                                                     Kanjeng Nabi ngendika: “Sira kabeh aja padha majlis marang saben-saben ‘alim, kejaba marang ‘alim kang ngajak saka 5 nuju marang 5, yaiku:
1.    Saka mamang diajak marang yakin.
2.    Saka riya’ diajak marang ikhlas.
3.    Saka murka diajak marang zuhud.
4.    Saka takabur diajak marang tawadhu’.
5.    Saka memungsuhan diajak marang damai.
Pramila hikmah sufiyah sampun netepaken gais-garis anggayuh raos mahabbah (kekeluargaan suci) sarana dumugi ahluh ‘arifin billah.
ولمّا كا ن هذاالصريق رفع الهمّة عن الخلف وتعلقها با لملك الحقّ و ابلغ مايوصّل الر هفه المرتبة صحبة العا ر فين بالله لا بوّ له ا نتصحب بهم                                                   
Tegesipun :  “ Jalara dalan iki, kudu luhur cita-citane apadene dilandesi kumadep marang dzat kang kuwasa sejati, ing maka barang kang luwih bias nekakake marang   pangkatiki, mung saka anggone tumemen subatul ‘arifin billah, mula udinen kekeluargaan marang deweke.”
Ewadene cara lan sifatipun suhbah arifin billah punika wonten 2 arah:
1.    Suhbah irodah
Inggih punika dipun sarataken kanti sarat ingkang maton inggih punika kekeluargaan antarane santri lan kyai.
2.    Suhbah tabaruk
Inggih punika itba aqidahipun (nindaaken pandangan hidupnya). Inggih kanti gemolong nyragamaken pendirian lan aqidah punika InsyaAllah busyra ingkang dipun paringaken dumateng ahlul ‘arifin ingkang dipun itbaki wau bade lumebar dumateng piyambakipun. Suhbah tabaruk punika boten ngrupekaken suasana kyai lan santri, naming cekap nindakaken sarengat islam miturut garis-garis aqidah lan pendirianipun ahlul ‘arifin billah.Salajengipun ngretapaken suhbah tabaruk punika dipun sebat torekoh (mbudidaya njejegaken pendirian) ingkang mahanani bade kaparingan rohmat ingkang sok-sokan lir kadya toya, kados ingkang dipun ngendikaaken Allah makaten:
وان لوا ستقا مو ا على الظر يته لا سقنا هم ماء غد فا                                              
Tegesipun : Lan saupama deweke mbudidaya njejegake pendiriane klawan dalan iku (toreqot iku) mula ingsun bakal ngesokake rohmat marang deweke kabeh lir kadya banyu udan kang sok-sokan.
Jelasipun kita mlebet dumateng PSM kanti nyragamaken pendirian lan aqidah ingkang sumimpen ing dalem qoidah 9 dipun niyati suhbah tabaruk dumateng ahlul ‘arifin billah kanti ikhlas InsyaAllah Gusti Allah bade ngloberaken rohmat dumateng pun tiyang kala wau.
(Mangga sami dipun raosaken punika sanes kalimat fanatik buta, kalimat kultus, ananging keyakinan addasar sinaripun Qur’an lan sinaripun sunah rosul).
Ewadene qoidah suhbah irodah lan tabaruk punika mekaten:






Tegesipun: Anggolong kekeluargaan suci marang ahlul ‘arifin billah iku ana 2 bagean, yaiku:  1. Disebut suhbsh irodah (anggolongake diri sarana karep).
2. Disebut suhbah tabaruk (anggolongake diri sarana ngalap barokah).
Ewadene suhbah irodah iku disaratake klawan sarat kang maton yaiku anane murid lan guru (mushowif irodah). Suhbah tabaruk iku niyat ngeloni (neja angolong marang golongane ahlul ‘arifin nindakake cara-carane (pandangan hidupnya) lan aqidahe.
Suhbah tabaruk iki ora ngurupake suasana kyai lan santri mung cukup nindakake sare’at Isalam miturut aqidah lan pendiriane. Yak anti tumindak mangkono mau, InsyaAllah barokahe ahlul ‘arifin kang diitba’ pendiriane iku, bakal lumebar marang deweke lan bias tumeka apa kang digayuh (dadi golongane ahlul ‘arifin billah).
Kang mangkene mau adedasar dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw:
قا ل ص م من ا حبّ قو ماولم يلحق بهم فهو منهم           
Tegesipun : Kanjeng Nabi ngendika: Sapa wonge demen ing swijining golongan lan deweke ngepasi mula deweke klebu golongane.
قا ل تعا لى يا ايهاالذ ين ا منو ااتقوالله و كو    مع الصا د قين                 
Tegesipun : Gusti Allah ngendika; “He wong-wong kang pada iman, pada taqwa sir kabeh marang Gusti Allah lan anaa sira kabeh iku anyartani wong kang pada sidik-sidik.”
قا ل تعا لى واتبع نيل من انا ب الي تم الي مر حعكم فا         بما ك                                 
Tegesipun : Gusti Allah ngendika, “Lan manuta dalane wong kang wis bias bali marang ingsun, tumuli marang ingsun ngon balinira kabeh lan ingsun bakal nyritakake sira kabeh klawan barang kang sira kabeh tindakake.” 
Ing mriki kita sbagai umat Islam wajib menghayati hikmah Allahangenipun Allah sampun kersa ndadosaken alam papan dunungipun gesangipun manungsa.
Gusti Allah ndadosaken alam papanipun manungsa punika rangkep 2 inggih punika:
1)    Alam syahadah (alam kenyataan = alam donya).
Saking alam syahadah mila gusti Allah nglairaken hokum sunatullah (undang-undang alam).
2)    Alam ghoib (alam ingkang boten saget dipun tingali dening mripat).
Saking alam ghoib mila Gusti Allah nglairaken hokum wahyu (Taurat, Zabur, Injil ingkang pungkasan inggih punika Al Qur’an).
Kalih-kalihipun alam wau tentu dipun dunungi gesangipun anungsa gilir gumantos. Sepisan gesang wonten ing alam syashadah, kaping kalih gesang wonten ing alam ghoib. Pramila saking menika , mila gesangipun manungsa muslim estu-estu wangsul dumateng pitrahipun (bentuk aslinipun manungsa dipun lairaken) mila pun manungsa wau wajib mentaati tatanan ingkang dipun lairaken Gusti Allah saking kalih alam kasebat.
Sunatullah wau dening Allah dipun paringi tabiat “Ashriya” angembang majeng nuwuhaken kondisi enggal (hokum enggal).
Sekawit Nabi Adam as. Hingga samangke pun sunatullah wau sampun nglairaken pinten-pinten hokum ingkang marupi-rupi “arupi ilmu”. Sekawit ilmu sejarah, ilmu bumi, ngantos dumugi ilmu teknologi modern. Sekawit saking ilmu mengajar ngantos dumugi ilmu mendidik, didaktik lan metodik. Sekawit saking ilmu politik ngantos ilmu falsafah, mekaten saterusipun tabeatipun hokum sunatullah tansah nuwuhaken ilmu enggal kondisi enggal.
Sedaya hokum-hukum ingkang dipun lairaken dening sunatullah punika kangge ngatur gesangipun manungsa anocoki kaliyan tingkatan zamanipun (zaman samangke benten kaliyan zaman rumiyin).
Ewadene hukum wahyu kangge ngarahaken manungsa ingkang tugas nindakaken hokum-hukum wau (ilmu-ilmu wau) saget ngepasi ingkang dipun kersakaken Allah. Pramila ayat Al Qur’an kebak bimbingan ingkang asifat ilmiyah lan ugi kebak norma-norma batasan ingkang leres lan ingkang boten leres.
a.       Miturut hukum ekonomi ingkang leres dipun sebat halal, ingkang boten   leres dipun sebat haram lan riba.
b.       Miturut hukum kebudayaan ingkang leres dipun sebat haq, lan ingkang boten leres dipun sebat batal. 
Jejegipun hukum-hukum wau dipun sebat Dinul Islam. Ewadene pengamalanipun dipun sebat Ibadah. Sunatullah ing abad gesang kita semangka punika sampun nglairaken hukum ingkang gegandengan kaliyan haq lan kuwajibannipun manungsa.
 Inggih punika wonten 2 tingkatan:
    Hak lan kuwajiban ingkang dipun sebat asasu syachsiyah
    Hak lan kuwajiban ingkang dipun sebat asasul mucholathoh
Asasusochsiyah inggih punika susunan lan cara-cara ingkang magepokan hak lan kuwajiban gesangipun manungsa miturut hukum sunatullah. Wujudipun manungsa bebas merdeka ngatur gesangipun piyambak miturut tata cara ingkang dipun remeni (naturlek person). Ewadene asasul mucholathoh inggih punika susunan la tata cara ingkang magepokan han lan kuwajiban gesangipun manungsa ingkang sampun dipun ikat dados jami’ah (kempalan) kanti gumatok, ingkang dipun sebat organisasi, kadosta jama’ah Muhamadiyah, Nahdatul ulama’, Persatuan Islam, PSM lan sanes-sanesipun (ret persoon).
Menawi kita wangsulaken dumateng hukum agama Islam, asasul mucholathoh punika kalebet hukum sunatullah ingkang dipun sebat ngibadah secxara horizontal.
Jelasipun ibadah (amalan dinu Islam ) punika menawi dipun wangsulaken dumateng fitrahipun anglengkapi 2 arah ingkang boten saget dipun pisah-pisahaken inggih punika:
    Secara vertikal, langsung hubungan kaliyan Pengeran
    Secara horizontal hubungan kaliyan masyarakat lan alam semesta.
Ibadah ingkang magepokan kaliyan masyarakat lan alam semesta punika ing Al Qur’an dipun sebat jihad (perjuangan). Lapangan perjuangan punika wiyar sanget tebanipun miturut kondisi ingkang dipun lairaken dening hukum Sunatullah kadosta lapangan social, ekonomi, kebudayaan, politik, pendidikan, lan taksik 1001 macam lapangan perjuangan. Inggih lapangan perjuangan punika ingkang dipun sebat asasul mucholathoh.
Kita samangke punika, ibadah horizontalipun(lapangan perjuanganipun) dumunung ing pendidikan seumur hidup PSM / pengejawantahan pendidikan Pesantren Takeran.
Jalaran jumudulipun asasul mucholathoh punika sampun kalebet lampahipun sunatullah, mila ita umat Islam wajib mangertosi lan mentaati jalaran sedaya kondisi ingkang dipun judulaken dening hukum sunatullah punika, ceta haq sanes ngayawara. Ingkang mekaten punika Allah piyambak sampun dawuhaken ing dalem Al Qur’an Surat Ad Dukhon ayat 39:
وما خلقناالسّمو ت والارض وما بينهما لعبين                                                             

Tegesipun : Ingun ora ndadekake langin lan bumi lan apa-apa ing antaarane langit bumi iku ngayawara (cetane). Ingsun ora ndadekake langit bumi mau kejaba haq. Ananging akeh-akehe manungsa pada ora ngerti. 
Ayat Al Qur’an punika sampun ngejawantah sanget maksudipun inggih punika:
1)    Nerangaken bilih dumadosipun langit lan bumi serta punapa-punapa ingkang jumudul ing antawisipun langit bumi punika boten ngayawara kejawi haq. Asasul mucholathoh punika kalebet punapa-punapa ingkang jumudul ing antawisipun bumi langit.
2)     Kedadosan ingkang mekaten punika boten patos dipun mangertosi dening tiyang kathah.
Kalimat ingkang nomer 2 punika menawi dipun kita pahami mila jelas bilih Allah maringi tuntunan dumateng tiyang ingkang bote mangrtos lenggahipun hukum sunstullah.
Menawi sampun kalebet golonganipun tiyang mangertos, pramila pangertosan wau kedah dados amalan kanti disiplin njejegaken lampahipun hukum-hukum wau (dinil islam), ingkang dipun sebat taqwa. Sebab panertosan ingkang boten dipun amalaken punika, wohipun namung njurugagen dumateng kecilakaan.
Kanjeng Nabi sampun ngendika:
قا ل ص م


Tegesipun : Gedhe-gedhene pasiksan ing dalem dina qiyamat iku, wong kang duweni pangerten nanging pangertene ora migunani.
PSM, salah setunggalipun asasul mucholathoh ingkang dipun lairaken dening sunatullah (lapangan perjuangan pendidikan seumur hidup) sumberipun saking sabila man anaba ilallah (ahlu ’arifin billah).
Sok ngatena menawi disiplin dumateng majmuah risalah PSM kanti niyat suhbah tabaruk (niyat nggebyur gemolong sarana nyragamaken pendirian lan aqidahipun ahlul arifin billah awujud majmu’ah risalah, insya Allah barokahipun ahlul arifin billah bade lumeber dumateng kita tanpakakinten-kinten. Ruhani kita bade kalebet golonganipun ruhani mukmin soleh.
Menapa dene kita bade kalebet golonganipun tiyang ingkang ngestokaken hidayatipun para tiyang –tiyang ingkang sampun pikantuk hidayat saking Allah.



Tegesipun : Allah negendika “deweke kabeh iku wong-wong kang oleh hidayate Allah mula ya hidayate deweke kabeh iku elonana.”
Mekaten sekedik pangertosan aspirasi risalah qoidah no. 3 majmu’ah risalah PSM (pengejawantahan Pesantren Takeran) ingkang titik arahipun salugu realisasi tuntunanipun ahlul arifin billah ingkang dados titik pungkasan tujuanipun PSM. Inhkang ateges bilih kita sluluban ing bidang PSM menawi para pengasuh lan murid-muridipun sampun memiliki roh ruhani (muslim sholeh) punika saweg pas kemawon, dereng akhir (dereng rampung) ingkang salajengipun kita sampun kalebet untung. Ewadene menawi dereng memiliki roh ruhani muslim sholeh (taqwa anisirli wal bid’ati) punika tasih salebetipun pemdinaan lan pengasrahan anuju alam?muslim sholeh, sarana jihad lan mujahadah miturut garis-garis qoidah 9 maj’muah risalah.
Ewadene menawi sampun ngepasi dunung ing dalem maqom ruhani muslim sholeh, mila lajeng dipun tingkataken nuju dumateng maqom roh rohmani (maqomipun mukmin khos) sukur bade saget dumugi maqom roh rohimi (ruhullah).
Inggih mekaten punika pangertosan pokok-pokok lan tujuanipun PSM ingkang luhur tur sampurna.
Pramila anggayuh tujuan ingkang mekaten menika, K. Imam Mursid Muttaqin naming elik-elik bilih PSM punika:
1)    Rumpil dalane
2)    Amba tebane
3)    Gede pangurbanane
4)    Sampurna kang ginayuh
“Kenalen sejarahmu, sira bakal ngilo ing dalem sejara mau.Sing sapa wonge gelem kenal marang sejarah, minangka kaca brenggala, mula atages wong mau bias ngoncati sakabehing reribet, wusanane lakune uripe bias lancer, enteng tarike senajan nglumpati jurang pasek, jurang maksiyat kang amba tebane, deweke tetep bias kontal ngumpati, ora kejegur ing dalem jurang maksiyat lan jurang pasek, malah bias ngentasake wong-wong kang pada lkelep ing dalem kedunge maksiyat lan keli ing iline kepasekan. Wallahu ‘a’lam.”

Blog, Updated at: 03.30.00

0 komentar:

Posting Komentar