Sejarah Pesantren Takeran Seri 1

Written By Pralistyaputra on Sabtu, 03 September 2016 | 05.45.00

Sejarah Pesantren Takeran Seri 1 - Pesantren Takeran merupakan tempat kelahiran Mursyid Thoriqoh Syathoriyah Al Maghfurllah Kyai Imam Fauzi Bin Kyai Imam Abu Syukur Salim.
Pesantern Takeran merupakan salah satu pesantren yang melahirkan para Mursyid-mursyid Thoriqoh Syathoriyah. Sejarah ini kami publikasikan karena para mursyid pesantren taeran masih merupakan satu garis keturunan dengan mursyid di Pesantren Darul Ulum Rejomulyo.


Sejarah ini dahulu disusun langsung oleh Beliau Al Maghfurllah Kyai Imam Fauzi Bin Kyai Imam Abu Syukur Salim. Sejarah pesantren takeran ini terdapat 5 (lima) seri dan ditulis dalam bahasa jawa. untuk post kali ini akan kami share Sejarah Pesantren Takeran Seri 1.

Sejarah Pesantren Takeran Seri 1
disusun oleh : K. IMAM FAUZI BIN K. IMAM ABU SYUKUR SALIM
 
َ وفى انفسكم ا فلا تبصرون ( الذريات )
Tegese :  Ing dalem awakmu (pribadimu) apa ta siro kabeh padha ora andeleng ?

ولاتكو يو كالذّين نو االله فاسنا هم انفسهم اوليك هم
Tegese : Poma dipoma, siro kabeh ojo kaya wong-wong kang pada lali marang Allah,    kang wasanane Gusti Allah nglalekake marang pribadine kabeh, yo wong-wong mangkene iku kelebu ewone wong-wong pasek.

Ayat Al Qur’an puniko suraosipun sampun ngejawantah sanget, inggih puniko mengku piwucal, pengarahan, lan tuntunan anggayuh jejeging kepribaden soho kedunungan mental luhur tur ulet, sarana mawas diri. Sok ngateno tiang mukmin puniko sampun ngantos kesupen dumateng lenggah selehipun pribadinipun piyambak. Awit ingkang makaten punika tundhanipun namung anjalari kesupen dumateng Allah. Sok sinteno tiangipun ingkang sampun kesupen dumateng pribadinipun piyambak, mila wahananipun namung nuwuhaken mental pasek. Cirinipun mental pasek punika sikapipun namung tuwuh sarwa tuna dening solah bowo lan muna-munipun namung angarah dumateng jurang, manahipun ayem kemawon, boten wonten raos kepingin lepas saking penasaran wahu, jer babar pisan boten wonten kesadaran anggayah huring pbebuden, sok ugi natos kedunungan raos nasar, ananging sedap kemawon sampun ical, sebab kesontok ubaling  hawa nafsu angkara. Mental pasek punika wahananipun naming amurukaken kesruhing penggalih, sebab antawisipun raos, karsa lan pikiran boten saget keplok. Ing mangka keplokipun unsure tiga dados setunggal punika kalebebt syarat mutlak minangka anggayuh rokhani ingkang sifat mukmin sampurna, jalaran keplokipun unsure tiga dados setunggal punika dipun sebab akal. Hadits Nabi SAW sampun negasaken bilih akal punika kalebet unsur Agami Islam ingkang ateges blih sok sinteno tiangipun boten kadunungan akal wau, milanipun agaminipun ngalami kopyor alias pasek.
 
Jalaran mental pasek punika sifatipun naming nuwuhaken kisruh penggalih, mula tumapak pendamelan ing tengah-tenghipun masyarakat naming tansah nuwuhaken kekisruhan kemawon. Tata tertib ingkang nutu kemasyarakatan boten saget mlampah, sebab kosong ketaatipun. Amanat dipun sembranaaken sebab katiup angina lesus perjuangan tanpa ikhlas, tawakal lan sabar.Pramila wahananipun naming bala’ lan wala’ipun Allah ingkang sumebar ing tengah-tengahipun gesang pasek kala wau.

Mekaten sekedhik pengertosan mental pasek ingkang wajib dimangertosi lan dipun tebihi,jalaran wahanipun naming nebihaken rohmatipun Allah kemawon malah kepara hanjurugaken sumebaring kemaksiatan, kemungkaran lan sanes-sanesipun situasi kotor.

Ayat Al Qur’an wau menawi nur cahyanipun kita engge mlajari ilmu jiwa sosial, mila blegeripun ilmu jiwa sosial wau saget dipun waos makaten:
1) Kenalen pribadimu mulo siro bakal nemahi slamet.
2) Kenalen sejarahmu mulo siro bakal bisa ngilo ing dalem sejarahmu. Sing sopo gelem migunakake sejarah minangka kaca brenggolo, mulo wong mau bakal biso ngertosi asal-usulipun pribadine saenggo dheweke oleh dalan minangka kanggo mentas saka tlagane reribet lan kang mahanani lakunining uripe bisa lancar lan entheng engga bisa nglumpati jurang maksiat lan kemungkaran (ora klelep ing dalem kemaksiatan). Saben-saben gesang, tentu pribadi social (gesang kelompok). Ing ngriki boten ngupas sejarahpribadi, kejawi ngupas sejarah ing Pesantren Takeran. Sejarahipun Pesantren Takeran ingkang wajib dados pengilen inggih punika sekawit sugengipun Kyai Hasan Ulama ngasto pimpinan umat Islam ing dukuh Nglorok Takeran. Jalaran kegiatan masyarakat Islam ing lingkungan dusun Takeran sak mangke punika kenging dipun wastani sebagai who perjuangan Kyai Hasan Ulama wau. Malah PSM pisan kalebet barokah perjuangan Kyai Hasan Ulama almarhum. Riwayat sampun nerangaken (lewat lesanipun Kyai Imam Syukur lan Kyai Muhammad Umar) bilih arikaka sak derengipun Kyai Hasan Ulama ngasta pimpinan umat Islam ing dukuh Nglorok Takeran. Mila pun dusun Takeran kenging dipun wastani dusun ingkang kosong uat Islamipun kejawi naming ngrempal sekedik (kenging dipun etang mawi driji) dumunung ing dusun Mangu. Dusun Takeran, Landangan, Mangu, Kunti ngantos Ngampon pisanpendudukipun sami wangkot-wangkot padhatankaremenanipun inggih punika nyeret, main, tayuban,tukang korek.

Kyai Hasan Ulama kabekto saking pribadi ulama sholeh, inking makom akhwalipun, sampun dungkap tataran wali Allah ingkang cirri khasipun landing lan limpat pikiranipun, panjangka cita-citanipun majeng tur luhur.Mila sareng mriksani situasi lan kondisi penduduk Takeran ingkang sifat lan corakipun kados mekaten punika panjenenganipun Hasan Ulama lajeng ngudar gagasan lan pangunandika saget mungel menawi dipun ujudaken kalimat pangunnandika saget mungel mekaten:
“Senajan ing dukuh Nglorok Tekeran saiki wis didegi masjid lan pondoke pisan tetep banguno mesjid lan pondoke pisan tetep banguna masjid lan pesantrene pisan ora bakal bias lestari yen to selagine penduduke deso Takeran iku during ana kang nglakoni agama, ing mangka miturut tata lahire saiki, kaya wis tangeh lamun yen mung to ngenteni aislame penduduk desa Takeran. Sok ngonoa perlu dianakake nekakake penduduk saka liya desa lanang wadon minangka calon-calon penerus perjuangan  pesantren nganti tumeka dina kiamat.”

Sak lajengipun taktik perjuangan Kyai Hasan Ulama 80% dipun arahaken kangge wujudaken kader-kader penerus perjuangan ingkang proseduripun kalih tataran:
1.    Dipun sebat kader Mu’asis
2.    Dipun sebat kader Mu’tamir
Mu’asis tegesipun dasar ewadene Mu’tamir tegesipun penguasa. Kalimat Mu’asis lan Mu’tamir puniko kode damelanipun Pak Kyai Mursid. Pancen panjenenganipun Bapak Mursid sengaja damel kode-kode ing dalem Risalah PSM punika ngginaaken bahasa Arab (cobi kulo aturi maos majmunah risalah kadosto kalimat ta’bir A’bar, mufatisy, moqowi lan sanes-sanesipun).

Mu’asis lan Mu’tamir punika namung benten proseduripun, ananging struktur hak lan kewajibaanipun sami.
  1. Mu’asis inggih punika paratiyang-tiyang ingkang sengaja dipun tanem dening Kyai Hasan Ulama saking daerah sanes, dados penduduk Takeran minangka kangge ngisi kekosonganipun umat Islam ing dusun Takeran, Landangan, lan Kunti kanti tujuan lan pangajab bilih turun-turunipun punika benjang dadosa upet kekiyatan gesangipun pesantren lan masjid ingkang sampun kebangun punika (glestantunaken ide aqidah ahlusunah wal jamaah)
  2. Mu’tamir inggih punika para tiyang-tiyang ingkang sampun sampun kegembleng dening Kyai Hasan Ulama, kanti kesadaraan sami berjuang mujudaken cita-cita pesantreningkang sampun dippun gerisaken dening Kyai Hasan Ulama sesarengan kaliyan kader Mu,asis miturut bakat lan kesagedanipun (kecakepanipun).
Menawi ngampil kalimat kenabian, senaosa bentuk lan blegeripun boten ngepasi ananging hikmahipun saget kita kangge perbandingan (dawuhipun Bapak Kyai Imam Mursid) :
  1. Mu’asis punika saminipun sahabat Muhajirin (KH. Ulama termasuk  Muhajirin = sanes penduduk Takeran).
  2. Mu’tamir punika saminipun sahabat Anshor.Hak lan kewajibanipun sami inggih punika mutudaken cita-cita Islam di bawh bendera kenabian Nabi Muhammad SAW.
Mekaten ugi kader Mu’asis lan Mu’tamir punika hak lan kewajibanipun sami kemawon inggih punika mujudaken cita-cita Islam bendera kenabian di bawah bendera aqidah ahlusunah wal jamaah ingkang dipun asta waliyullah Hasan Ulama rohimaullah ta’ala.

Jelasipun bendera waliyullah ingkang dipun kibaraken dening KH. Ulama inggih punika “Aqidah Ahlusunah Wal Jamaah”awujud qoidah 9.
Ingkang klebet kader Mu’asis inggih punika:
  1. KH. Ulama saturun-turunipun
  2. Sahabat KH. Ulama saturun-turunipun ingkang dipun tanem wonten ing dusun Takeran, Landangan, lan Kunti.
  3. Turun-turunipun KH. Abdul Rahman Tegalrejo (menika jelas wasiatipun Nyai Arjo Besari lan Nur Besari).
Ewadene sahabatipun KH. Ulama inggih punika:
  1. Muh. Thoiran dipun tanem wonten ing dusun Tekeran sisih eler saking arah masjid Tekeran. Punika tiyang Ngayogyakarta kaleres famili kaliyan panjenenganipun KH. Ulama. Dipun dawuhi pindah saking Ngayogyakarta dating Takeran jebol tales.
  2. Hasan Muharam (alitanipun nama Harijan) tiyang Ngayogyakarta. Dipun tanem ing dusun Landangan saking arah masjid
  3. Pak Thonawi dipun tanem dumunung sakcelakipun masjid, sakleripun radosan.
  4. Muh. Hasyim bin Kanafi (wayahipun Nyai Arjo Beasari) dipun tanem wonten ing dusun Kunti.
  5. Pak Hasan Mukmin, sederek sepuhipun Pak Muh. Thoiran.
  6. Pak Salimun, ugi saking Ngayogyakarta.
  7. Pak Jamal (mbah Pura).
  8. Pak Sholohin, dipun tanem ing dusun Mangu andunungi kepraben pesantren lami. Malah pak Sholihin punika dipun wasiati dening KH. Ulama supados ngasto dados lurah minangka sarana ngislamaken penduduk Takeran. Ananging kaleksananipun dados lurah bilih panjenenganipun almarhum KH. Ulama sampun kondur dumateng jaman kalanggengan. Ateges kaleksananipun dados lurah , Pak Sholihin wau di bawah pimpinan Kyai Imam Muttaqin.
Mekaten sekedhik pangertosan kader Mu’asis (sahabat Muhajirin) minangka pondasinipun bangunan social pasantren Takeran ing zaman wiwitan. Ewadene salintunipun punika, kalebet kader Mu’tamir (sahabat Anshor).
Ewadene kader Mu’tamir punika sifatipun wonten 2, inggih punika:
  1. Muktamir Tsabit (penguat ingkang gumatok)
  2. Muktamir Ghoiro tsabit (penguat ingkang boten gumatok)
Kalimat punika kalebet kode minangka kangge ningali asal-usulipun kader muktamir ananging hak lan kewajibanipun sami kaliyan kader mukasis.

Kader muktamir tsabit lan ghoiro tsabit punika wonten 3 zaman inggih punika:
I. Muktamir zamanipun KH. Ulama
Inggih punika para tiyang-tiyang ingkang dipun asuh dening KH. Ulama wusananipun kanti kasadaran manahipun piyambak boten purun wangsul dumateng dusunipun kejawi terus gegriyan wonten ing lingkungan dusun Takeran, kadosto: 
a.    Mbah Hasani dumunung ing dusun Mangu sakloripun sarehan Landangan
b.    Abdul Karim saking Ngayogyakarta, gegriyan wonten ing dusun Takeran.
Para santri niki mboten kepetang naming sedinten sedalu lajeng terus wangsul dating dusunipunpiyambak sarta dipunamanati supados nyebaraken Islam miturut garis-garis aqidah ahlusunah waljamaah malah ugi wonten ingkang dipun tugasaken hijrah dumateng sanes dusun Kalebet ingkang dipun tugasaken dateng dusun sanes inggih punika :
1)    K. Muh. Burhan binArjo Besari inggih pinika pemuda Tegalrejo ingkang dipun angkat dados putra kakangipun Abdul Rohman Bogem Ponorogo. Dipun tugasaken supados babat dumateng dusun Bedilan Rejomulyo.
2)    K. Muh Tahrim saking dusun Kauripan Bonsari. Dipun tugasaken babat dusun Sekenep Taji Karangrejo.
Muktamir ghoiro tsabit ingkang wangsul dumateng dusunipun kanti bekto amanat nyebaraken aqidah ahlusunah wal jamaah antawisipun inggih punika:
  1. K. Munandar Gedangan Jogorogo
  2. K. Mustain Bobosan Kebondalem Jogjakarta
  3. K. Mustain Tanggul Manuk Betri Ponorogo
  4. K. Imam Besari Sedayu Pacitan
  5. K. Safi’I Bukur Jiwan Madiun
  6. K. Muh Soreh (putra mantunipun KH. Ulama piyambak) Kebon dalem ingkang swau ngasto naib Trenggalek.
  7. K. Muh Iskak Tlagan Caruban.
  8. Ali Usman Winong TAnjung sepreh Maospati Magetan.
II. Muktamir zamanipun Kyai Imam Muttaqin
Kader-kaderipun inggih punika:
a. Muktamir Tsabit:
  1. H. Ichsan (Hamzah Mangu Takeran)
  2. Pak Sakeh (karan Guru Sakeh Mangu Takeran)
  3. Muh. Miftah Mangu Takeran (kidul kompan)
  4. Pak Kadimin Landangan Mangu (CarikTakeran)
  5. Amat Pura Landangangan Mangu Takeran
  6. Abdul Rosid Landangan Mangu Takeran
  7. Abidin Landangan Mangu Takeran
  8. Ali Muhammad Landangan Mangu Takeran (dikenal Mat Saikun)
  9. Hasan Kiban Landangan Mangu Takeran (sampun akhir inggih punika nalika nyarengi bangun sareyanipun bah Landangan)
  10. Pak Upas Mangu Takeran
  11. Pak Munasir Nglorok Takeran
  12. Satari Takeran
  13. Achmad Sangi Takeran
  14. Musnadi Takeran
  15. Ahmad Salam Takeran
  16. Mustari Takeran
  17. Ismail Takeran
  18. Kasan Mahayat Takeran
  19. Muh Karmin
  20. Kastam
b. Muktamir Ghoiru Tsabit
  1. K. Kusnun Tanjung Anom Waru Jayeng Ngajuk
  2. K. Sahal Tawang Anom MAgetan
  3. K. Muhyidin (Samin) Cigrog Takeran Magetan
  4. KH. Siraj Mojorejo Caruban Madiun
  5. K. Bantengan Madiun
  6. KH. Burhan Tlagan Caruban Madiun
  7. K. Muraga Kanigoro Madiun
  8. K. Ngujur Kebonsari Madiun 
  9. K. Kedondong Kebonsari Madiun
  10. K. Yahya Ngesrep Banjarsari
  11. K. Sadikin Likasan Madigondo Magetan
  12. K. Banaran Kerik Takeran
Mekaten sekedhik penjelasan lampahipun sejarah pesantren Takeran sekawit zamanipun KH. Ulama ngantos K. Imam Muttaqin ingkang perlu kita kenal, inggih punika:
  1. Kenalen pribadimu, mula siro bakal bias ndunungake papan selehe pribadimu dhewe.
  2. Sing sapa wonge bias ngetrapake peparinge Allah miturut garis papane, mula Gusti Allah bakal nambah rahmate.
  3. Sing sopo wonge nylewengake peparinge Allah saka garis papane mula walak lan   musibahe Allah bakal tumurun, kang sifate mung nuwuhake saewa rebyek, iri hati, dengki, srei, lan liya-liyane musibah (penyakit ruhani).
Inggih mekaten punika satetes saking maksudipun ayat Al Qur’an ing ngajeng. “lan ing dalem pribadimu kabeh apato sira kabeh pada ora andeleng ?” Menawi ayat Al Qur’an ing nginggil punika kita sorotaken dating ilmu jiwa social minangka kangge ngoperasi masyarakat, sekupipun pesantren Takeran sekawit KH. Ulama ngantos dumugi zamanipun KH. Imam Muttaqin.

III. Muktamir zamanipun Kyai Imam Mursid ngantos jamudulipun PSM.
KH. Imam Muttaqin sareng kalian K. Imam Mursid ngasto tampuk pimpinan Pesantren Takeran. Mila sifatipun pesantren dipunwontenaken ewah-ewahan Tutwuri Andayani. Lampahipun hukum sunatullah kanti dipun tengeri mawi asma Pesantren Sabil’il Muttaqin. Ewah-ewahan wau adedasar musyawarah ingkang lampahipun nglangkungi 2 tingkatan inggih punika:
  1. Musyawarah khusus
  2. Musyawarah umum
Musyawarah khusus inggih punika persiapan ningkataken pesantren Takeran dados PSM. Ewadene anggotanipun inggih punika:
  1. K. Imam Abu Syukur Rois Akbar
  2. K. Imam Mursid dados pemimpin umum
  3. K. Muhammad bin Umar dados juru khotbah
  4. K. Arwakhun, wakil imam masjid lan guru fiqih
  5. K. Muhammad Nur dados lurah pondok
Hasil pembahasan musyawarar semangke dados risalah majmuah PSM.

Musyawarah umum inggih punika naming ngumumaken konsep hasil musyawarah khusus dumatung para tokoh-tokoh ulama ingkang dipun undang dening rois akbar. Saksampunipun dipun umumakenresmi dados majmuah risalah. Inggih musyawarah umum punika ingkang dipun sebat Rapat Besar Pesantren Takeran nalika tanggal 16 September 1943.

Ing Rapat Besar Pesantren Takeran punika dipun tetepaken bilih pusatipun pesantren Sabil’il Muttaqin boten saget medal saking Takeran ateges pesantren Takeran minangka monument (mengabadikan sejarah).
Selajengipun kader Muasis lan kader Muktamin sekawit ing dalem lairipun PSM punika owah sifatipun dipun sebat: 1) Keluarga Khusus lan 2) Keluarga Umum. Ingkang mekaten wau dipun jelasaken kanti cetho wonten ing peraturan umum maj’muah risalah PSM pasal VI. Inkang dipun maksudaken keluarga khusus punika waonten 4 tingkatan, inggih punika:
  1. Kader muasis lan kader muktamir, ramanipun KH. Ulama lan kader muktamir zamanipun KH. Imam Muttaqin (saturun-turunipun). 
  2. Para murid-murid lan guru-guru PSM ingkang sampun tampi pengarahan lan tuntunan garis-garis PSM.
  3. Para tiyang ingkang nyuwun dados keluarga khusus PSM ingkang sampun dipun lilani dening pengurus pusat.
  4. Para pengurus ranting, cabang lan pusat, inggih menika para warga umum PSM inkang tenaganipun dipun betahaken ing bidang kepengurusan sarta piyambakipun nyanggupi, mila pun tiyang punika tanpa nyuwun dados keluarga khusus sampun dados keluarga piyambak.
Miturut tata tertib pasal VI peraturan umum majmuah risalah PSM ayat (F) wajib tuduk lan mentaati azas lan peraturan PSM kanti disiplin. Sampun kesupen bilih garis-garis prinsip hikmah sufiah dasar hidup Pesantren Takeran punika dados dasar lan falsafah PSM bab II (nama baru).
“Pemberian nama baru itu tidak merubah sama sekali tentang asas dan tujuan pesantren Takeran yang telah ditentukan oleh yang mendirikan sejak berdirinya”

Peraturan umum majmuah risalah PSM pasal II ugi njelasaken : “Pesantren ini berkedudukan di tempat berdirinya dan berpusat di Takeran”
Lampiran lan peraturan umum punika menawi kita simpulaken gotranipun sampun jelas inggih punika:
  1. PSM dasar lan tujuanipun boten ewah tegesipun dasar lan tujuanipun Pesantren Takeran.
  2. Pusatipun PSM ngantos bejatipun jagat boten saget pindah saking Takeran miturut rapat umum takbir akbar PSM nalika tanggal 16 September 1943.
Ingkang mekaten wau adedasar putusan rapat keluarga khusus ingkang dipun pimpin K. Imam Mursyid, dipun sesepuhi dening K. Imam Abu Syukur kanti alas an menawi pusatipun ngantos pindah dating sanes mila dipun kuatosi bilih kemurnianipun badhe ical. Ing mangak falsafah perjuanganipun pesantren Takeran ingkang dipun garisaken KH. Ulama punika cecho Sirothol Mustaqim (praktikum sunah nabi lahir bathin). Sok ngatena kader muasis lan muktamir (turun-turunipun)tetep nyanggi amanat negakaken garis cita-citanipun KH. Ulama inggih punika kaidah 9 (kaidah ahli sunah wal jamaahsarta makmuraken pesantren, masjid lan madarasah). Jelasipun hikmah sufiah (aqidah ahli sunsah wal jamaah)ingkang sampun dipun ngejawantahaken dados kaidah 9, menawi boten pertahanaken, ategesa warga khusus PSM mengkhianati amanat suci.

Warga khusus PSM kedah menyadari bilih hikmah sufiyah dasar pondasi pesantren Takeran punika ajakanipun boten sanes naming jihad lan mujahadah angkah sageta pinaringan khusnul khotimah. Pramila salebetipun gesang angleksanani jihad lan mujahadah wauambudidaya sakiyatipun, anabihi solah bawa ingkang akhiripun naming njurugaken dumateng suul khotimah.
Undang-undang hikmah sufiyah ingkang alelandesan Qur’an lan sunah sampun paring ancer-ancer biih katah-katahipun amal tumindak ingkang badhe njurugaken dumateng suul khotimah (naudzubillah) inggih punika antawisipun wonten 9, inggih punika:
  1. Wong kang sembrono marang sholat wajib.
  2. Sembrana lan gegampang marang zakat wajib.
  3. Wong kang demen metani cacate wong Islam.
  4. Wong kang ngentit takeran lan timbangan naliko dol tinuu.
  5. Seneng ngapusi marang wong Islam.
  6. Ngulas wong Islam lan agama klawan donya (gawe batu loncatan wong Islam lan agama kanggo kepentingan donya anggayuh pangkat semata).
  7. Najak-ngajak nggorohake para wali-walining Allah.
  8. Ngingkari ajaran lsn solah bawane para wali-walining Allah.
  9. Aqidah agamane bid’ah (ngingkari lan nggorohake walining Allah iku klebu bi’ah).
Bersambung ke : Sejarah Pesantren Takeran Seri 2 

Perhatian : Dilarang keras menyebarluaskan / menyalin (mengcopy) tulisan ini tanpa seizin pihak Yayasan Darul Ulum Rejomulyo
Blog, Updated at: 05.45.00

2 komentar:

  1. These are in fact great ideas in about blogging.
    You have touched some pleasant points here. Any way keep
    up wrinting.

    BalasHapus
  2. namung nyuwun berkah sawab pangestu dumateng mbah kyai, mugi mugi sageto wilujeng donyo dumugi akhirot. amiin

    BalasHapus